Select Language
Pencarian Sederhana
Pencarian Spesifik
Judul : Pengarang :
  • SEARCHING...
Subyek/Subjek :
  • SEARCHING...
ISBN/ISSN : GMD : Tipe Koleksi : Lokasi :
Link Universitas

Design by PPTIK UMP

DETAIL REKOD
Kembali ke sebelumnya  
Judul Hubungan Tingkat Pendidikan Formal Orang Tua dengan Unggah-Ungguh Bahasa Jawa Peserta Didik SMP Negeri 2 Kaliwiro Kabupaten Wonosobo
Edisi
No. Panggil
ISBN/ISSN
Pengarang Gusti Surawening Pradanasiwi
Subyek/Subjek Bahasa Jawa
Klasifikasi
Judul Seri
GMD Skripsi
Bahasa Indonesia
Penerbit
Tahun Terbit 2012
Tempat Terbit Purworejo
Kolasi
Catatan
Detil Spesifik ABSTRAK Gusti Surawening Pradanasiwi. Hubungan Tingkat Pendidikan Formal Orang Tua dengan Unggah-Ungguh Bahasa Jawa Peserta Didik SMP Negeri 2 Kaliwiro Kabupaten Wonosobo. Skripsi. Pendidikan Bahasa Dan Sastra Jawa. Universitas Muhammadiyah Purworejo. 2012. Perkawis ingkang baku wonten skripsi punika, menapa wonten gegayutanipun antawis pendidikan formal tiyang sepuh kaliyan unggah-ungguh bahasa Jawa siswa SMP Negeri 2 Kaliwiro Kabupaten Wonosobo. Jenis panelitenipun inggih punika penelitian kuantitatif. Pamanggihan ingkang dipundadosaken adhedhasar wonten skripsi punika babagan lunturipun unggahungguh basa Jawa lare sakpunika, inggih punika kirang mangertosipun babagan unggah-ungguh basa Jawa lare utawi kirang paham kaliyan unggah-ungguh basa Jawa ingkang leres lan sae. Salah satunggal cara madosi menapa ingkang njalari lare sakpunika mboten mangertosi utawi kirang paham kaliyan unggah-ungguh basa Jawa wau, mila dipun padosi menapa wonten gegayutan kaliyan pendidikan formalipun tiyang sepuh. Peneliten punika migunakaken peneliten kuantitatif. Sumber datanipun awujud data angket kaliyan hasil tes kemampuanipun lare babagan unggahungguh basa Jawa. Kanthi populasi sedaya siswa wonten ing SMP Negeri 2 Kaliwiro, lajeng dipunpundhut sampelipun 30% saking jumlah 421 siswa, dipunpundhut dados 122 siswa. Metode ingkang dipun ginakaken inggih punika metode survey kanthi teknik pengumpulan data migunakaken angket kaliyan tes. Instrumenipun migunakaken angket kaliyan tes ingkang wonten gegayutanipun kaliyan pendidikan formal tiyang sepuh kaliyan unggah-ungguh basa Jawa siswa. Kagem validitas, pangripta migunakaken validitas eksternal, inggih punika instrumen dipun ujikaken dhateng siswa didik SMP Negeri 2 Kaliwiro ingkang cacahipun 30 lare, saklajengipun dipunetang kanthi migunakaken rumus nilai simpangan, wondene reliabilitas migunakaken reliabilitas internal migunakaken rumus Spearman Brown. Saking pembahasan data, tinemu tingkat pendidikan formal tiyang sepuh cekap sae inggih punika saking jumlah sampel 122, tinemu 95,5% tiyang sepuh siswa pendidikan formalipun setingkat dasar kaliyan menengah, 3,28% pendidikan formal inggil, kaliyan 0,82% mboten ngemu pendidikan formal. Babagan punika mbuktekaken bilih pendidikan formal tiyang sepuhipun siswa kagolong inggil. Salajengipun hasil saking tes unggah-ungguh basa Jawa siswa tinemu 5,74% lare kanthi kasil sae, 92,64% kasil tes cekap, kaliyan 1,64% kanthi kasil kirang. Babagan punika mbuktekaken bilih unggah-ungguh basa Jawa lare cekap sae. Salajengipun kasil wau dipunkorelasikaken migunakaken rumus korelasi produk momen. Kasil korelasi antawis variabel tingkat pendidikan formal tiyang sepuh kaliyan unggah-ungguh basa Jawa lare didik (rxy)0,606, kanthi rtabel taraf kesalahan 5% (tingkat kawigaten 95%) tinemu skor 0,176, mila rhitung> rtabel. Babagan punika mbuktekaken menawa tingkat pendidikan formal tiyang sepuh kaliyan unggah-ungguh basa Jawa lare didik wonten hubungan ingkang kuat. Kata Kunci : tingkat pendidikan formal, unggah-ungguh basa Jawa
Gambar Sampul
Lampiran
LOADING LIST...
Ketersediaan
LOADING LIST...
  Kembali ke sebelumnya