Select Language
Pencarian Sederhana
Pencarian Spesifik
Judul : Pengarang :
  • SEARCHING...
Subyek/Subjek :
  • SEARCHING...
ISBN/ISSN : GMD : Tipe Koleksi : Lokasi :
Link Universitas

Design by PPTIK UMP

DETAIL REKOD
Kembali ke sebelumnya  
Judul PENINGKATAN KETERAMPILAN BERBICARA BAHASA JAWA RAGAM KRAMA DENGAN METODE ANALISIS KESALAHAN BERBAHASA PADA SISWA KELAS VII SMP PGRI 1 PREMBUN
Edisi
No. Panggil
ISBN/ISSN
Pengarang Asih Pamuji Rahayu
Subyek/Subjek Bahasa Jawa
Klasifikasi
Judul Seri
GMD Skripsi
Bahasa Indonesia
Penerbit
Tahun Terbit 2012
Tempat Terbit Purworejo
Kolasi
Catatan
Detil Spesifik ABSTRAK Asih Pamuji Rahayu. Peningkatan Keterampilan Berbicara Bahasa Jawa Ragam Krama dengan Metode Analisis Kesalahan Berbahasa Pada Siswa Kelas VII SMP PGRI I Prembun. (Skripsi) Purworejo: Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan, Universitas Muhammadiyah Purworejo. 2012. Panaliten menika ancasipun kangge njlentrehaken: (1) kados pundi traptrapanipun pasinaon ngendika basa Jawi kaliyan metode analisis kesalahan berbahasa; (2) kados pundi ngindhakaken prestasi sinau siswa kelas VII SMP PGRI I Prembun sasampunipun sinau ngendika basa Jawi krama kaliyan metode analisis kesalahan berbahasa. Teori ingkang dipunginakaken inggih menika teorinipun saking Mohammad Fakhrudin, metode analisis kesalahan berbahasa kawigatosanipun para siswa saged tumuju dhumateng prekawis ingkang wigatos saking guru satemah siswa gampil nampi babagan ingkang wigatos lan metode analisis kesalahan berbahasa ugi saged mangsuli wangsulan ingkang saged dipuntangledaken siswa nglampai proses piyambak. Suharsimi Arikunto (2008:16), njlentreaken ngendika inggih menika kaprigelan ngucapaken unen unen artikulasi utawa tembung kangge ekspresi, nyebabake utawa ngandharake penggalih, gagasan lan raosipun. Jinising panaliten menika panaliten tindakan kelas utawi PTK, panaliten menika katindakaken tiga siklus inggih menika prasiklus, siklus I, lan siklus II. Subjek wonten panaliten inggih menika siswa kelas VII SMP PGRI I Prembun , instrumen panaliten ginakaken tes lan non test, teknik ngempalaken paniti priksa pengamatan (observasi), angket, lan wawancara. Teknik analisis data ngginakaken teknik kuantitatif lan teknik kualitatif. Asilipun panaliten inggih menika aspek pilihan tembung wonten ing prasiklus skor rata-rata 38,25. Wonten ing siklus I dados 41,92 lan wonten siklus II mindhak dados 60,29. Aspek intonasi wonten ing prasiklus skor rata-rata 50,74. wonten ing siklus I mindhak 62,05 lan wonten ing siklus II ugi mindhak dados 88,97. Aspek pelafalan ngindhakaken wonten ing prasiklus skor rata-rata 48,53, menawi wonten siklus I dados 67,65, lan wonten ing siklus II mindhak dados 86,76. Aspek unggah-ungguh prasiklus skor rata-rata 43,12, menawi siklus I mindhak dados 71,32 lan wonten ing siklus II dados 77,95. Adedhasar ngindhakaken saking aspek ngendika saged dipunucapaken siswa ngglampai kaprigelan ngendika basa Jawi krama saking prasiklus dumugi siklus I mindhak 43,65%, siklus I dumugi siklus II mindhak 26,19%, lan saking prasiklus dumugi siklus II mindhak 72,59%. Kata Kunci: ngindhakaken, ngendika, metode kesalahan, basa Jawi krama
Gambar Sampul
Lampiran
LOADING LIST...
Ketersediaan
LOADING LIST...
  Kembali ke sebelumnya