Select Language
Pencarian Sederhana
Pencarian Spesifik
Judul : Pengarang :
  • SEARCHING...
Subyek/Subjek :
  • SEARCHING...
ISBN/ISSN : GMD : Tipe Koleksi : Lokasi :
Link Universitas

Design by PPTIK UMP

DETAIL REKOD
Kembali ke sebelumnya  
Judul KESALAHAN BERBAHASA JAWA SANTRI PUTRI PONDOK PESANTREN MA’UNAH PURWOREJO DALAM KHITOBAH PERIODE BULAN MEI TAHUN 2012
Edisi
No. Panggil
ISBN/ISSN
Pengarang Ary Sofia
Subyek/Subjek Bahasa Jawa
Klasifikasi
Judul Seri
GMD Skripsi
Bahasa Indonesia
Penerbit
Tahun Terbit 2012
Tempat Terbit Purworejo
Kolasi
Catatan
Detil Spesifik ABSTRAK Ary Sofia 082160223. Kesalahan Berbahasa Jawa Santri Putri Pondok Pesantren Ma’unah Purworejo dalam Khitobah Periode Bulan Mei Tahun 2012. Skripsi. Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa. UniversitasMuhammadiyah Purworejo. 2012. Ancas saking paneliten punika kangge ngandarake kelepatan pocapan fonem basa Jawi lan keluputan wujudipun tembung wonten basa sesorah santri putri Pondok Pesantren Ma’unah wonten ing adicara khitobah periode sasi Mei taun 2012, pramila ingkang dipunkajengaken saged nyaosi manfangat inggih kanthi cara praktis uga cara teoretis. Kanthi pendekatan kualitatif migunakaken metode deskriptif dipunpanggihi bilih pesantren punika nggadhahi komunitas ingkang sae, amargi taksih saged dipunpanggihi norma – norma pesantren ugi kabudayan Jawi ingkang taksih ketawis sae.Paneliti ngginakake pinten – pinten teori minangka pathokan ing paneliten punika. Teori ingkang dipundadosaken pathokan inggih punika teori saking Siti Mulyani (2008), ingkang ngendikakaken bilih fonem basa Jawi punika wonten pitu fonem vokal lan fonem konsonan ingkang kabagi dados 10 kelompok konsonan miturut peran piranti wicara, 4 kelompok konsonan miturut cara hambat hawa ingkang medal saking paru – paru, 2 kelompok konsonan miturut getar botene pita swara, lan konsonan rangkep. Teori sanes saking Mulyana (2007) babagan afiksasi miturut kajian morfologi. Objek paneliten punika inggih punika basa sesorah ing adicara khitobah periode sasi Mei taun 2012 pondok pesantren putri Ma’unah, metode pangempalan data ingkang dipunginakaken ing paneliten punika inggih punika metode simak kanthi teknik simak bebas libat cakap. Piranti ingkang dipunginakaken ing paneliten punika inggih punika parekam swara lan lembar simak kangge nyerat. Wonten ing metode simak dipunginakaken teknik dasar arupi teknik parekaman ingkang dipunsarengi kalian teknik terasan arupi teknik simak bebas libat cakap ugi teknik serat. Metode cakap nggadhahi teknik dasar arupi teknik parekaman ingkang saklajengipun dipunkanteni kalian teknik terasan arupi teknik nyerat. Metode analisis data ingkang dipunginakaken inggih punika teknik analisis data kualitatif ingkang nyambet damel kalian data. Saklajengipun asil data ingkang sampun dipunanalisis kasebut dipunserat kanthi cara verbal inggih punika kalian wujud tembung – tembung biyasa. Miturut analisis data, asil panelitenipun ingih punika arupi 1) kelepatan pocapan fonem vokal kathahipun 5 kelepatan ing 33 tembung rupinipun fon [ↄ], [a], [ә], [ε], [i] lan kelepatan pocapan fonem konsonan kathahipun 4 kelepatan ing 22 tembung rupinipun fon [k], [d], [ḍ], dan [ț], 2) kelepatan wujud tembung kathahipun 3 kelepatan ing 8 tembung rupinipun wujudipun tembung lingga, wujudipun tembung kriya, lan wujudipun tembung aran . Dene saran ingkang dipunaturaken ing skripsi punika 1) saran gegandhengan kalian santri, 2) saran gegandhengan kalian pengurus pondok, 3) saran gegandhengan kaliyan pondok pesantren minangka panggenan kangge pados ilmu. Kata Kunci : basa, fonologi, morfologi, khitobah
Gambar Sampul
Lampiran
LOADING LIST...
Ketersediaan
LOADING LIST...
  Kembali ke sebelumnya