Select Language
Pencarian Sederhana
Pencarian Spesifik
Judul : Pengarang :
  • SEARCHING...
Subyek/Subjek :
  • SEARCHING...
ISBN/ISSN : GMD : Tipe Koleksi : Lokasi :
Link Universitas

Design by PPTIK UMP

DETAIL REKOD
Kembali ke sebelumnya  
Judul KAJIAN FEMINISME DALAM LAYANG PANUNTUN KAMULYANING BOCAH WADON KARYA RADEN WIRAWANGSA
Edisi
No. Panggil
ISBN/ISSN
Pengarang Apriliani Ekaningsih
Subyek/Subjek Bahasa Jawa
Klasifikasi
Judul Seri
GMD Skripsi
Bahasa Indonesia
Penerbit
Tahun Terbit 2012
Tempat Terbit Purworejo
Kolasi
Catatan
Detil Spesifik ABSTRAK Apriliani Ekaningsih. Kajian Feminisme dalam layang Panuntun Kamulyaning Bocah Wadon karya Raden Wirawangsa. Skripsi, Purworejo. Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan Bahasa dan sastra Jawa. Universitas Muhammadiyah Purworejo 2012. Panaliten menika gadhah ancas ngandharaken gegambaran kajian Feminisme ing Layang Panuntun Kamulyaning Bocah Wadon ingkang kasimpen ing Museum Dewantara Kirti Griya Taman Siswa Yogyakarta, ugi ngandaraken relevansi Layang Panuntun Kamulyaning Bocah Wadon tumrap madyaning gesang sapunika. Teori ingkang dados pathokan inggih menika teori ingkang mratelakaken bilih mliginipun, kasusastran ingkang ngatonaken paraga wanita saged dipunkaji saking segi feministik. Kalebet crita rekaan, lakon utawi sajak saged dipunteliti ngginakaken pendekatan feministik, menawi wonten paraga wanitanipun. Pengkajian saged langkung gampil menawi paraga wau dipungathukaken kalihan paraga priya. Metode ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika inggih menika metode deskriptif kualitatif. Teknik pengumpulan data ngginakaken teknik pustaka inggih menika ngginakaken teknik baca lan teknik catat kanthi setiti, mangertosi teks-teks basa Jawa ingkang kawrat ing layang Panuntun Kamulyaning Bocah Wadon anggitanipun Raden Wirawangsa, teknik baca yaiku data ing panaliten menika kapendhet kanthi cara maca teks kanthi setiti lan ngatiati, dipun ambali lajeng nyathet bab ingkang wigatos. Sumber data ing paneliten menika inggih menika naskah Layang Panuntun Kamulyaning Bocah Wadon karya Raden Wirawangsa ingkang kasimpen ing Musium Dewantara Kirti griya Taman Siswa Yogyakarta. Instrumen penelitian ingkang dipunginakaken inggih menika peneliti minangka sumber instrumen dipunbiyantu buku-buku ingkang relevan kalihan paneliten. Analisis data deskriptif kualitatif ngginakaken metode analisis isi. Saking asil pengkajian saged dipunmangertosi bilih Layang Panuntun Kamulyaning Bocah Wadon anggitanipun Raden Wirawangsa kalebet salah satunggaling naskah ingkang nyengkuyung gerakan Feminisme semanten ugi pangriptanipun. Kerelevansian feminisme ing naskah menika inggih menika babagan mbudidaya lan nginggahaken pendidikan ing sedaya bidang kangge para wanita, ugi bab pitutur dhumateng para wanita supados tansah eling dhateng kodratipun. Kata Kunci : Feminisme, Relevansi, Layang
Gambar Sampul
Lampiran
LOADING LIST...
Ketersediaan
LOADING LIST...
  Kembali ke sebelumnya