DETAIL REKOD
Kembali ke sebelumnya
Kembali ke sebelumnya
Judul | KAJIAN NILAI PENDIDIKAN DALAM KAMUS PERIBAHASA JAWA KARYA F.S. DARMASOETJIPTA |
Edisi | |
No. Panggil | |
ISBN/ISSN | |
Pengarang | Mulyani |
Subyek/Subjek | Bahasa Jawa |
Klasifikasi | |
Judul Seri | GMD | Skripsi |
Bahasa | Indonesia |
Penerbit | Program Studi Bahasa dan Sastra Jawa FKIP Universitas Muhammadiyah Purworejo |
Tahun Terbit | 2013 |
Tempat Terbit | Purworejo |
Kolasi | |
Catatan | |
Detil Spesifik | Mulyani. 082160241. Kajian Nilai Pendidikan Peribahasa Jawa Dalam Kamus Peribahasa Jawa Karya F.S. Darmasoetjipta. Skripsi. Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa. Universitas Muhammadiah Purworejo. 2013 Skripsi kanthi irah-irahanipun Kajian Nilai Pendidikan Peribahasa Jawa Dalam Kamus Peribahasa Jawa Karya F.S. Darmasoetjipta, gadhah ancas kangge (1) ngandharaken jenis- jenis peribahasa punapa kemawon ingkang wonten Kamus Peribahasa Jawa Karya F.S. Darmasoetjipta, (2) ngandharaken nilai pendhidhikan ingkang wonten Kamus Peribahasa Jawa Karya F.S. Darmasoetjipta. Panaliten punika ngginakaken jenis panaliten deskripsi kualitatif wonten bidang sastra. Subjek ingkang dipundadosakaken ing panaliten inggih punika ngandharaken jenis- jenis peribahasa punapa kemawon ingkang wonten Kamus Peribahasa Jawa Karya F.S. Darmasoetjipta, (2) ngandharaken nilai pendhidhikan ingkang wonten Kamus Peribahasa Jawa Karya F.S. Darmasoetjipta.. Menawi Objek ingkang dipundadosaken ing panaliten inggih punika Kamus Peribahasa Jawa Karya F.S. Darmasoetjipta ingkang dipunwedalaken dening Kanisius, Yogyakarta warsa 1992, kanthi kaca 218. Pangempalan data wonten penelitian punika ngangge teknik observasi lan teknik pustaka. Analisis data ngangge metode analisis isi ingkang ngandharaken sedaya isi. Asilipun analisis saking panaliten punika inggih punika: (1) saking jumlah sewu paribasa ingkang wonten Kamus Peribahasa Jawa Karya F.S. Darmasoetjipta punika, wonten 318 paribasan, 465 bebasan, 106 saloka, 30 pepindhan, 3 panyandra, menawi turahanipun boten dipunanalisis amargi wonten peribahasa ingkang sami saha wonten kaca ingkang ical (2) menawi dibentenaken saking nilai pendhidhikan ingkang wonten Kamus Peribahasa Jawa Karya F.S. Darmasoetjipta, mliginipun: nilai pendhidhikan religius kanthi jumlah 19, nilai pendhidhikan estetis jumlahipun 9, nilai pendhidhikan ekonomi jumlahipun 27, nilai pendhidhikan politis jumlahipun 30, nilai pendhidhikan teoretis jumlahipun 15, lan 827 nilai sosial. Ananging wonten panaliten punika, andharanipun ngengingi nilai sosial namung dipunsajikaken enemlikur, amargi andharan ingkang kurang langkung sami sarta kangge hemat wekdal. Tembung wigati: nilai, pendidikan, peribahasa Jawa |
Gambar Sampul | |
Lampiran | LOADING LIST... |
Ketersediaan | LOADING LIST... |
Kembali ke sebelumnya |